Sabtu, 14 Mei 2011

Sya'ir Gus Dur

Astagfirlloh robbal baroya ........

Astagfirulloh minal khothoya....

Robbi zidni ilman nafi'a....

Wawa fiqni amalan sholiha......



Ya rosullalloh salamun 'alaik.....

Yarofi'asya niwadaroji......

Athfatan yajii rotal 'alami.......

Ya uhai laljuu diwal karomi.........2x



Ngawiti ingsun, nglaras syi'iran....

Kelawan muji maring Pangeran.....

Kang paring rahmat lan kenikmatan...........

Rino wengine, tanpo pitungan.........2x



Duh bolo konco, priyo wanito......

Ojo mung ngaji syareat bloko.....

Gur pinter ndongen nulis lan moco.....

Tembe mburine, Bakal sangsoro......2x



Akeh kang apal, Qur'an haditse.....

Seneng ngafirke marang liyane......

Kafire dewe dak di gatek ne......

Yen isih kotor, ati akale.......2x

Gampang kabujuk, nafsu angkoro...........

Ing pepaese gebyare dunyo.............

Iri lan meri sugihe tonggo....

Mulo atine, peteng lan nisto........2x



Ayo sedulur, jo ngelaleake...........

Wajibe ngaji sak pranatane............

Nggo ngandelake iman tauhide..............

Baguse sangu, mulyo matine.............2x



Kang aran sholeh, bagus atine..........

Kerono mapan sari ilmune............

Laku thoreqot lan ma'rifate............

Ugo hakeqot, manjing rasane.............2x



Al-qur'an Qodim, wahyu minulyo.............

Tanpo tinulis iso diwoco........

Iku wejangan guru waskito............

Den tancep ake, ing njero dodo............2x



Kumantil ati, lan pikiran............

Mrasuk ing badan kabeh jeroan........

Mugi njeng Rosul dadi pedoman.............

Minongko dalan, manjinge iman.............2x



Kelawan Alloh, kang moho suci.........

Kudu rangkulan rino lan wengi........

Ditirakati diriyadloi..........

Dzikir lan suluk, jo nganti lali..............2

Uripe ayem, rumongso aman........

Dununge ROSO tondo yen iman.......

Sabar nerimo najan pas-pasan........

Kabeh tinakdir, saking pengeran.......2x



Kelawan konco, dulur lan tonggo.....

Kang podo rukun podo ngasih o.......

Iku sunah e rosul kang mulyo...............

Nabi MUHAMMAD panutan kito.......2x



Ayo ngelakoni, sekabehe ane......

Alloh kang bakal ngangkat derajat e.....

Senajan asor toto dhohire......

Ananging mulyo, MAQOM drajat e.........2x



Amung palastro, ing pungkasane........

Ora kesasar ROH lan SUKMANE............

Den gadang Alloh Swargo manggone......

Utuh mayit e ugo ulese..............2x



Ya rosululloh salamun 'alaik......

Yarofi 'asyani wad daroji..........

Atfatan yajii rotal 'alami.....

Ya uhai laljuu diwal karomi..................2x





AL-FATIKHAH........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar